Selasa, 04 Oktober 2016

cerkak gokiel

Tresnane cah cilik


Jenengku fatwa azis wicaksono. Biasane cah-cah nyeluk aku ajis utowo bojas. Aku sekolah ingi SDIP Al- Minhaaj. Sekolah Dasar sing terkenal nek Kec. Wates. Aku nduweni sifat sing unik. Yaiku aku cah lanang sing nduweni sifat cuek karo wong liyo. Opo maneh karo cah wedok. Nanging aku nduweni rasa gampang ngerti ing perasaan cah wedok.
Ing sawijining dino, aku lulus tekan SD lan neruske ing SMPN 1 WATES. Aku nek kono ndue kancan akeh pas awalan MOS tapi aku gak pati ngreken cah wedok. Tapi aku yen dijak ngomong karo cah wedok aku ngomong sitik lan sing penting tok. Aku nduweni konco sing sak local sing sak kelas yaiku kelas 7a. dani nduweni watak kang kelejingan lan aktif. Seneng njaraki cah wedok lan termasuk rodok nakal.
Pas aku mlebu kelas pertama. Aku langsung dijak dani lungguhan sebangku sing panggone mburi dewe. Aku gak ruh yen ngarepku pas iku onok cah wedok ayu. Aku yo tetep cuek amarga aku gak terlalu ngurus karo cah wedok. Tapi koncoku Dani malah muni.
Dani: “Jis, pindah sanding cah kui yoh. Cah e uayu Jis.”
Azis: “Moh lah dan, bene kene ae luh. Ngko yo kenal-kenal dewe”
Dani manut ae tekan omonganku. Aku lan dani panggon bangkune pancet ing mburine cah uayu maeng. Aku lan Dani akhire kenalan karo cah wedok mau. Tibakno jeneng Ervi. Aku tetep sikapku biasa yo tak piker konco biasa.
Rong minggu kepungkur aku maleh akrab karo kabeh konco. Aku yo gak percoyo yen aku iso gumbul sahabatan karo cah wedok. Malahan sahabatku akeh-akeh cah wedok. Terus aku arep dolanan nek warnet Dani tekan nek umahku ngejak dolan. Tapi aku emoh amargo aku nduweni janji karo konco. Dani melu aku amarga pancen dani gak enek kegiatan nek umahe.
Bubar aku tekan warnet karo dani. Aku arep mbayari dani warnet tapi dani emoh. Mergane deweke gung ngerti banget opo kui internet. Deweke nyilih hp ku dingge dolanan. Gak suwi dani pamit muleh karo wajahe mesem terus. Aku bingung karo cah iki. Kok iso-iso deweke arep muleh karo wajahe  bedo karo sak durunge. Aku curiga opo sing dilakoni dani ning HP ku. Tak delok HP ku enek sms karo Ervi sing isine.
 HPku: “Vi, sampean seneng gak karo aku?”
Ervi: “iyo jis. Aku nuh jane seneng karo sampean.”
HPku: “Aku yo seneng kok karo sampean. Gelem gak dadi pacarku?”
Ervi: “Tenan jis?? Aku gelem jis! Aku gelem!
Aku bar ndelok sms ku karo Ervi sing ditulis Dani. Aku kaget lan bingung. Aku langsung telpon Ervi njelasne opo sing ning SMS kui sing nulis Dani. Malah deweke nangis lan ngancem yen aku nek kelas gak dijak omong-omongan maneh. Aku gak tego yen aku nglarani ati cah wedok lan marai nangis. Opo maneh kelangan konco sak kelas. Rasane gak enak. Makane aku mekso ngladeni pcaran karo Ervi padahal aku gak ruh cara ne nglakoni sing jenenge pacaran.
Pas sak wise aku pacaran karo Ervi. Nek kelas aku bingung opo seng arep tak lakoni pas pacaran. Aku bedo sing biasane aku guyon malah meneng-menengan karo ervi. Aku malah saiki guyon karo cah wadon liyo. Pas tak deleng  Ervi ne malah nangis. Aku gak eruh menyang opo kok Ervi iso-iso nangis. Aku gak ruh. Tak cedak i. tibak e arek e cemburu karo aku. Aku gak eruh opo iku cemburu. Tak kiro cemburu iku penyakit po nyapo. Bar tak eneng – eneng deweke. Aku metu kelas lan  dolanan karo konco wedok maneh sampek muleh. Pas muleh aku gak ketemu Ervi. Bareng aku metu nek latar ndelok deweke nangis bar nangis karo muleh dijemput ibune. Aku langsung Sms deweke muleh sekolah.
Azis: “nyapo kok sampean nangis. Sampean jek sakit toh cemburune?”
ervi: “aku i cemburu! Jo dolanan karo cah wedok liyo. Loro nek ati.”
Azis: “yo sori sori vi. Sok sok gak neh vi.”
Aku jek bingung opo kui cemburu. Langsung aku takok ing ibuku. Malah jawabane ibuku “cemburu kih rasane koyo iri karo wong liyo. Hayo ngerti cemburu ko ndi? Pacaran yo sampean le?” aku bales “ora buk, aku ruh ko sinetron og bu.”  Akhire aku ngapusi ibuku.
Akhire aku weruh opo sing dimaksud cemburu kui. Tapi aku tetep dolanan karo cah wedok liyane lan aku jek meneng –menengan karo ervi. Hubunganku iki sampek sak ulan. Aku seneneg pcaran ku ndanng bar. Nanging bar aku di putus hubungan karo Ervi, sak jaman bar diputus aku dijak balikan karo Ervi. Aku bingung karo cah iki nyapo bar mutus aku langsung njaluk ngapuro lan ngejak balikan akaro aku.

Hubunganku ceritane tetep putus nyambung ping bolak balik. Enek pitu putus balik pacaran. Aku sadar yen tresna iki koyok cah cilik. Aku mutusne sing pertama lan aku gak gelem  balikan maneh.